Popeye the Sailor Man My Own World: Teks pidato bahasa jawa ujian praktek

Selasa, 21 Februari 2012

Teks pidato bahasa jawa ujian praktek


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, wilujeng siyang  kagem panjenengan sedayanipun. Mugi kasugengan, katentreman, karaharjaan tumanduk dhumateng kula tuwin panjenengan sedaya.

Panjenenganipun Bapak Pangarsa SMP N 4 Surakarta ingkang kula kurmati, tuwin Bapak Pangarsa Komite SMP N 4 Surakarta. Ingkang kula kurmati ugi Bapa tuwin Ibu Dwija ugi Bapak Ibu tiyang sepuh wali siswa SMP N 4 Surakarta. Sedaya sedherek kelas VII, VIII, tuwin kelas IX ingkang kula tresnani.

Minangka titahing Gusti ingkang Mahagesang, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring rahmat, taufik sarta hidayah, pramila ing siyang punika kula lan panjenengan saged makempal saperlu mahargya pepisahan kelas IX siswa-siswi SMP N 4 Surakarta.

Kula ing mriki saperlu matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, awrat ngemban dhawuhipun kanca-kanca kelas IX badhe atur pamit. Boten kraos kula sakanca sampun tigang warsa dngunipun, anggen kula sami sinau ing pawiyatan punika. Kula sakanca ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapa tuwin Ibu Dwija ingkang sampun paring piwucal, tuntunan, pitutur, kanthi sabar lan tlatos. Mugi-mugi kawruh lan kasaenan kasebat dadosa amal saleh, pikantuk piwelas saking Gusti Allah. Kula sakanca ugi nyuwun pangapunten mbok bilih anggen kula sinau ing pawiyatan mriki kathah tindak tanduk ingkang boten mranani ing penggalih. Lan kula sakanca nyuwun donga pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged lulus kanthi biki ingkang sae lan pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pilihan kula sakanca. Kangge adhik-adhik kelas VII tuwin kelas VIII mugi saged langkung damel ajuning pawiyatan punika langkung sae.

Mekaten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan atur kula nyuwun pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.






IRMA LS.
IXF/18

Tidak ada komentar:

Posting Komentar